Kalimat Pembuka Yasinan Bahasa Jawa

Acara Yasinan memang telah populer di masyarakat muslim. Acara ini selalu dibuka oleh pembawa acara dengan menggunakan kalimat pembukaan. Bagi anda yang ingin belajar menjadi pembawa acara yasinan, berikut Contoh Kalimat Pembuka Yasinan Versi Bahasa Jawa.






Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dumateng para alim ulama, para ustadz bil khusus bapak kamin selaku ketua jamaah yasin ingkang kawulo hormati

dumateng sesepuh, pinisepuh, para bapak, saha mas mas anggota jamaah yasin ingkang kawulo hormati ugi

Sepindah monggo kita tansah ngatah-ngatahaken sukur dumateng Alloh SWT, dene menopo kita taksih keparingan hidayah saha inayah sehingga saget makempal wonten griyo mriki khanti sehat wal afiat.

Mugi mugi kempal kita dalu meniko mbeto manfaat saha maslahah kagem gesang kita fi dunya wal akhirah.

Kaping kalih, sholawat saha salam mugi tetap kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung muhammad SAW, mugi mugi kita termasuk golongan ipun tiyang-tiyang ingkang bejo nampi syafaat awet dunyo dumugi yaumul akhir mangke.



Bapak bapak jamaah yasin ingkang kawulo hormati, kulo ngaturaken matur suwun atas rawuh panjenengan minangka undangan kulo, mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesahenan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagem kehidupan kita awet ndunyo ngantos akhirat mangke.



Kawulo nyuwun khanti keiklasan penggalih panjenengan supados nderek ndongak’aken dumateng arwah leluhur kulo ingkang sampun sumare wonten alam leluhur.

Mugi mugi amal panjenengan sedoyo tansah dipun coret minangka amal kesahenan wonten ngarso dalem Alloh SWT. Aamiin

Sak lajenginpun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih kulo mboten saget nyediakan palenggahan ingkang sekeco, utawi kirang gupuh anggen kulo nampi rawuh panjengan, lan mangke menawi wonten pasegahan ingkang kirang nuju prana dateng penggaling panjenengan sedaya, sepindah maleh kulo nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.



Para bapak ingkang kawulo hormati,

mbok bilih acara dalu meniko sampun paripurno lan panjenengan sedaya ngersaake kundur, kulo namung saget ndongaaken, mugi kundur panjenengan dugi dalem piyambak-piyambak tansah dipun lindungi Alloh. Mboten wonten aral setunggal menopo.

Mekaten saking kulo, menawi wonten klenta klentu atur kulo nyuwon pangapunten sak ageng-agengipun.

Wassalamu’alaikum wr wb.

Info Menarik